Senin, 06 April 2009

Drama Penyaliban Yesus Kristus


Gusti Yesus tindhak menyang taman Getsemane kadherekake Petrus, Yokobus sarta Yohanes.Saksampunipun dugi ing taman Panjenenganipun ngandika:

“ Ati-Ku sedhih banget, rasane kaya arep mati, padha anaa ing kene Aku

rewangana melek.” (Panjenengane banjur tindhak ora adoh saka ing

kono nuli sujud lan ndedonga)

“ Dhuh Rama Kawula, menawi pancen saged mugi tuwung punika

sumingkir saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula,

namunga sakarsa Paduka.” (Panjenengane banjur murugi sakabat2 mau

padha katemu turu lan dipangandikani)

“ Apa kowe ora kuwat ngrewangi melek Aku sejam bae, padha meleka lan

ndedongaa, supaya kowe aja tumiba ing panggodha, Roh iku pancen

cumadhang nanging daging iku ringkih.”

Sakjrone isih ngandhika ana wong sagrombolan teka kairid dening Yudas lan banjur mrepegi Gusti Yesus arep nucup, Gusti Yesus banjur ngandika:

“ Heh.. Yudas, anggonmu ngulungake Putrane Manungsa apa sarana

nucup ?” (Gusti Yesus lajeng ndhangu para grombolan)

“ kowe padha goleki sapa?”

Tiyang Yahudi 1:

“ Yesus Nasarani.”

Gusti Yesus:

“ Iya Aku iki.”

(para grombolan lajeng sami mundur lan niba ing lemah, banjur didangu

malih kaliyan Gusti Yesus)

“ kowe padha goleki sapa?”

Tiyang Yahudi 2:

“ Yesus Nasarani.”

Gusti Yesus:

“ Aku wis tutur marang kowe, iya Aku iki wonge, menawa Aku kang

kokgoleki wong2 iki kareben padha lunga.”

Petrus lajeng ngunus pedhang lan medhang abdine Imam Agung kang aran Malkhus lan kupinge tengen kaperung, nanging lajeng dipun penggak dening Gusti Yesus

“ Uwis too..” (kupinge banjur kaastha lan kawarasake banjur ngandhika

marang Petrus)

“ Pedhangmu wrangkakna, awit wong kang olah pedhang bakal tiwas

dening pedhang, apa pangiramu Aku ora bisa nyuwun marang Rama-Ku,

supaya Panjenengane enggal ngirimake malaekat luwih saka rolas

bregada lan mbiyantu Aku? yen mengkono kepriye pangandika kang

tinulis ing kitab suci bisane kelakon, kang mratelakake yen iku kudu

kelakon mangkono.” (Gusti Yesus kacepeng lan para siswanipun lajeng

sami mlajar).

Gusti Yesus sawise kacepeng banjur kairid menyang daleme Imam Agung Kayafas,

banjur dipun aniaya dening para abdi dalem wonten ing plataran. Petrus ngetutake saka ing kadohan nganthi tekan ing plataraning Imam Agung lan linggih ing satengahe para

abdi, tumuli ana abdi wadon abdine Imam Agung murugi Petrus lan alok: Sampeyan ngih tumut kalih Yesus, tiyang Galilea niku ?”

Petrus:

Kula boten ngreti kajeng sampeyan niku.” (Petrus banjur ngalih saka ing

kono, tumuli ana abdi liyane murugi Petrus).

Abdi Imam 2:

Wong iki golongane Yesus, wong Nasaret iku ?”

Petrus:

Kula boten wanuh kalih tiyang niku.”

Abdi Imam 3:

Kowe iku mesthi iya golongane wong iku, iki wis ketara saka basamu ?”

Petrus:

Sumpah, kula boten wanuh kalih tiyang niku.”

(tumuli ana jago kluruk, Gusti Yesus banjur minger mirsani Petrus,

dheweke banjur metu lan nangis kelara lara).

Gusti Yesus banjur kaladosake ing ngarsane Imam Agung Kayafas bebarengan karo para seksi palsu lan para pemimpin2 agami)

Seksi 1:

“ Tiyang punika nate cariyos, Aku bisa mbubrah Padalemane Allah lan

bisa mbangun maneh sakjroning 3 dina.”

Imam Agung:

Apa kowe ora mangsuli apa2 tumrap pandakwane seksi2 iki ?”

(Gusti Yesus kendhel bae).

Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabeh, kowe iku apa

sang Kristus, Putraning Allah apa dudu ?”

Gusti Yesus:

Bener iya Aku Panjenengane, wiwit saiki kowe bakal ndeleng Putraning

Manungsa lenggah ing satengene Kang Maha Kuwasa lan rawuh nitih

meganing langit.” (Imam Agung banjur nyuwek pangageme lan ngandika)

Imam Agung:

“ Wong iki nyenyamah Allah, apa prelune nganggo seksi, sapunika

panjenengan sedaya sampun mireng anggonipun nyenyamah, kadospundi

panimbang panjenengan ?”

Tiyang Yahudi 1:

Tiyang punika kedah kaukum pejah.”

(banjur padha ngantemi, ngidoni lan napuk pasuryane)

Gusti Yesus banjur kaladosake ing ngarsane sang Pilatus.

Seksi 2:

Kula sedaya sampun sami nyumerepi, bilih Tiyang punika nasaraken

bangsa kula, sami dipun penging ngaturaken pajek dhateng sang Nata

Agung, saha ngaken bilih Piyambakipun punika sang Ratu.”

Pilatus:

Punapa Panjenengan punika Ratunipun tiyang Yahudi ?”

Gusti Yesus:

Panjenengan piyambak sampun mastani.”

Pilatus:

Tumraping aku wong iki ora tinemu kaluputane.”

Seksi 3:

Tiyang Punika damel mbalelanipun rakyat kalayan piwulangipun wonten

ing tanah Yudea sadaya, kawiwitan ing tanah Galilea lan sampun dugi

mriki.”

Pilatus:

Yen mengkono, gawanen Yesus iki ing ngarsane Herodes, awit Galilea

wilayahe prabu Herodes.” (Gusti Yesus lajeng kaladosake marang

ngarsane prabu Herodes)

Seksi 1:

sang prabu… kula ngladosaken Yesus saking Nasaret.”

Herodes:

Ooh… iki too piyayine, Yesus sing wis kawentar kang akeh gawe mujizat

ing laladan Israil. Coba saiki gawea mujizat kanggo kita2 kabeh supaya

kita pracaya yen dheweke iku sang Kristus.”

(Gusti Yesus kendhel bae)

Seksi 2:

Sang prabu… Tiyang punika ngaken aken dados Ratu.”

Herodes:

Ratu!.. saos bekti kula sang Ratu… (Herodes ngagemaken jubah ungu

kang endah marang Gusti Yesus lajeng ngandika)

Gebuki dheweke! (prajurit ngebuki Gusti Yesus kanthi piranti tumbak),

pasrahna marang Pilatus.”

Gusti Yesus banjur kaladosaken ing ngarsane sang Pilatus malih, wekdhal punika tiyang2 Yahudi wonthen ing sakjawinipun gedhong pengadhilan ngentosi putusan saking Pilatus bab G.Yesus sinambi benghok2 kanthi sora:

“ Kasirnakna….. kasaliba ……” ( 3x )

Pilatus banjur medhal lan utusan prajurit supaya nyapu Gusti Yesus, Panjenengane banjur disapu dagingipun ngantos wonten ingkang rompal, gegeripun kebak bilur2 ingkang ngemu getih.Pilatus lajeng manggihi tiyang2 Yahudi lan ngandika:

“ He… wong yahudi kabeh.. padha rungokna, mungguh ing aku Yesus

iki ora ana kaluputane apa2, nanging kowe padha duwe adat samasa

riyaya Paskah kowe padha daklilani nyuwun luware wong siji, coba

pilihen.. Barabas sing wis akeh gawe pati utawa Yesus rabbi saka ing

Nasaret.”

Tiyang2 Yahudi:

“ Barabas linuwaran …. ( 2x )

Pilatus:

Wis gawanen… lan saliben, nanging mungguh ing aku Yesus iki ora

kadunungan kaluputan mbabar pisan.”

Tiyang Yahudi 2:

“ Kula gadhah angger2 tiyang ingkang kumowanthun ngaken-aken

Putranipun Allah kedah diukum pejah.. kasirnakna… kasaliba….”

Pilatus:

“ Blaik.. wong iki Putane Allah mejanani temen… kowe asale saka ing

ngendi..kandhaa karo aku, aku duwe kuasa nyalibake utawa bebasake

kowe.”

Gusti Yesus:

“ Panjenengan boten gadah kuasa sekhedik kemawon tumrap kula menawi

kuasa punika boten kaparingan saking ngaluhur awit punika tiyang

ingkang nyerahaken kula dosanipun langkung ageng.”

( Pilatus mbanjur padhos srana kangge luwaripun Gusti Yesus )

Pilatus:

“ He..wong Yahudi kabeh…delengen Yesus saka ing Nasaret arep ndhak

pilara lan banjur ndhak luwari..”

Tiyang Yahudi 3:

“ Menawi panjenengan ngluwari tiyang punika ateges panjenengan sanes

mitranipun sang nata agung, awit tiyang punika ngaken-aken dados ratu

ateges mbalela dhateng kaisar... kasaliba… kasirnakna…”

Pilatus rumaos kapojokaken lan kuatir kaliyan jabatanipun lan kangge maremaken tiyang kathah Pilatus masraheken Gusti Yesus supados kaukum pati sarana kasalib.

( Nembang jawi mirip Gambuh )

Heh wong Israil kabeh

sumurupa marang Ratunira

dina iki sun patrapi ukum pati

mben lumaku manggul salib

tumujua mring Golgota.

(Gusti Yesus lajeng dimakuthani eri lan ngrasuk jubah ungu dikhen manggul salib lumampah tumuju ing Golgota, tiyang2 Yahudi mbothen kendhat2 moyoki Panjenenganipun)

“ He.. kowe sing arep ngrubuhake Bait Suci lan mbangun maneh

sakjroning 3 dina, coba gawea mijizat kanggo kita2 kabeh…

ha… ha…. ha…” (Tiyang Yahudi 1)

“ He… kowe sing ngaku – aku bisa ngapura dosa, coba tulungana awakira

dhewe.. ha… ha….” (Tiyang Yahudi 2)

(Gusti Yesus ndhawah rahipun ndleweran ing pasuryane, Magdalena sowan ing ngarsane

Gusti Yesus banjur ngusap ludira ing pasuryane, sinambi nembang jawi mirip Mijil)

Dhuh Gustiku Yesus Kristus kang utami

kula miris sanget

nyumerepi kahanan Paduka

pasuryan Dika kebak ludira

geger digebuki

pindha sanes manungsa

(Gusti Yesus lajeng nerusaken manggul salip sinambi dipoyoki dening tiyang2 Yahudi)

“ Heh… kowe sing kumowani nerak dina sabat.. rasakna saiki piwalesku.

ha… ha…. ha….” (Tiyang Yahudi 3)

“ He… kowe Putrane Allah.. deyan bener Gusti Allah pancene mitulungi

kowe .. ha…ha….” (Tiyang Yahudi 1)

(Gusti Yesus ndhawah sampun lemah sanget awit saking agenging panandhang sarta awratipun kajeng salip, Maria murugi Gusti Yesus lan nembang jawi mirip Megatruh)

Dhuh putraku Yesus Kristus sang sejati

grantes banget ati mami

sumurup panandhang Dika

sumarah kemawon ibu

Kula ndamel jagad enggal

(Simon Kirene dipun peksa manggul salibipun Gusti Yesus tumuju ing Golgota, saksampunipun dugi Golgota Gusti Yesus diaturi unjukan anggur ingkang sampun dicampuri Mur nanging Panjenenganipun mbothen kersa, lajeng kasalib sareng kalih durjana 2 Gusti Yesus wonthen tengahipun, sandhanganipun dipun undi, Maria kalih Yohanes ugi wonthen mriku)

Gusti Yesus:

“ Ibu punika ingkang putra.. lah iku ibumu..”

“ Dhuh Rama tiyang2 punika mugi Paduka apunten amargi sami mboten

mangertos punapa ingkang dipun tindhakaken.”

Prajurit 1:

“ Wong liya padha ditulungi coba saiki apa bisa nulungi awake ndhewe,

menawa kowe iku sang Kristus pilihane Gusti Allah.”

Prajurit 2:

“ He… menawa kowe Putrane Allah muduna saka ing salib, banjur kita

kabeh bakal pada pracaya, ha … ha…”

(Dialog para Durjana kalih Gusti Yesus kanthi tembang jawi mirip Pocong)

Durjana 1: Yesus Kristus

putrane sang raja Dawud

agelar Mesias

tulungana awakira

deyan sira Putra Allah tulungi kula

Durjana 2: Heh kancaku

apa sira ora wedi

marang Gusti Allah

kita panthes kang sinalib

dhuh Gustiku Yesus Kristus enget kawula

G.Yesus: Sedulur-Ku

sira pracaya Aku

oleh urip langgeng

urip kanthi kaluberan

dina iki kita mlebu taman Firdaus

G.Yesus:

“ Eli… eli… lama sabakhtani !”

Tiyang Yahudi 2:

“ rungokna ndheweke ngundhang Elia, aku arep weruh apa nabi Elia

rawuh ngluwari dheweke.. ha….. ha…”

G.Yesus:

“ Aku ngelak.”

(Gusti Yesus lajeng disukani anggur kecut, lan Panjenenganipun

ngecep anggur kecut mau)

G.Yesus:

Wis rampung.”

“ Dhuh Rama Kawula masrahaken nyawa Kawula wonthen ing astha

Padhuka.”

(Gusti Yesus lajeng seda gubahe Padaleman Suci suwek dadi loro saka dhuwur tekan

ing ngisor, lan ana panggedhene prajurit nyelaki layoni Gusti Yesus sinambi ngucap)

“ Pancen saestu Padukha punika Putranipun Allah.”